Kamis, 22 Januari 2015

Cidro
Wis sakmesthine atiku nelangsa
Awakmu sing dadi tambaning atiku
Saiki tegane mblenjani  janji
Nganti netes luh ning pipiku

Rak kuat suwi-suwi atiku nandang rasa
Rasa sing keronto-ronto
Kepengin awakku nglaliake sliramu
Nanging rak kuasa ninggal tresna
Tresna kang wis tumancep ning atiku

Apa awakmu ora ngerteni
Rina wengi kelingan sliramu
Saben dina kangen sliramu
Saiki, biyen lan selawase
Senajan sliramu wis ora tresna marang awakku
Nanging siji, sliramu tetep ning atiku.

by: Nimas

Rabu, 21 Januari 2015

angkere tresna

Angkere tresna
Awit aku ngerti marang atiku
Awit aku ngerti marang tresnaku
Nganti aku ora bisa ngalangi rasaku
Nganti aku kudu netasake luh saben dinaku

Aku ora arep nakoni kasetiyamu marang sliraku
Aku ora meksa yen sliramu kudu selawase jujur
Aku mung pengin nakoni
Apa sliramu rasa bungah ana ing sandingku
Yen pancen sliramu seneng nyanding marang sliraku
Kasetiyaan lan kajujuran iku bakal teka dewe marang sliramu.