Cidro
Wis sakmesthine atiku nelangsa
Awakmu sing dadi tambaning atiku
Saiki tegane mblenjani janji
Nganti netes luh ning pipiku
Rak kuat suwi-suwi atiku nandang rasa
Rasa sing keronto-ronto
Kepengin awakku nglaliake sliramu
Nanging rak kuasa ninggal tresna
Tresna kang wis tumancep ning atiku
Apa awakmu ora ngerteni
Rina wengi kelingan sliramu
Saben dina kangen sliramu
Saiki, biyen lan selawase
Senajan sliramu wis ora tresna marang
awakku
Nanging siji, sliramu tetep ning atiku.
by: Nimas
hahaha bagus mbak, aku nge fans mbi pean mbak hh
BalasHapus:) makasihhhhhhh
BalasHapusiyaaa mbaakk , sam-sama, mbaknya masih kulyah toh???
BalasHapus