Kamis, 22 Januari 2015

Cidro
Wis sakmesthine atiku nelangsa
Awakmu sing dadi tambaning atiku
Saiki tegane mblenjani  janji
Nganti netes luh ning pipiku

Rak kuat suwi-suwi atiku nandang rasa
Rasa sing keronto-ronto
Kepengin awakku nglaliake sliramu
Nanging rak kuasa ninggal tresna
Tresna kang wis tumancep ning atiku

Apa awakmu ora ngerteni
Rina wengi kelingan sliramu
Saben dina kangen sliramu
Saiki, biyen lan selawase
Senajan sliramu wis ora tresna marang awakku
Nanging siji, sliramu tetep ning atiku.

by: Nimas

3 komentar: